Assalamu alaikum wr.wb.
bismillah
hirohman nirrohim,Alhamdulillah hirobbil alamina wakhafa,wassolatu
wassalamu ala sayidina muhammadinil mustofa,waala alihi wa askhabihi
ahli sidqi walwafa ama bakdu
Dumateng poro alim poro ulama ingkang tuhu kinakbetendumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang tuhu kinormatan
kususon dumateng sohibul hajah ingkang kawulo hormati
wabil khusus dumateng temanten kekaleh ingkang berbahagia.
kususon dumateng sohibul hajah ingkang kawulo hormati
wabil khusus dumateng temanten kekaleh ingkang berbahagia.
Sa’derengipun
monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Alloh
SWT, ingkang sampun pareng Rohmat soho nikmat dumateng kulo lan
panjenengan sami, sahingga kulo lan panjenengan sami saget
pepanggihan,saget bertatap muka wonten ing majlis puniko,kanti rahayu
wilujeng.saperlu angrawuhi undangan walimatul arus.mugi-mugi pepanggihan
kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat,kususipun dateng temanten
kekalih lan umumipun dateng kulo panjenengan sami
Ingkang kaping
kalihipun solawat soho salam ,allohuma soli ala sayidina Muhammad monggo
tansah kunjuk dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW nabi
pungkasan ingkang kito antu-antu syafaatipun benjang ing dinten Qiamat.
Amiin
Poro rawuh ingkang tuhu kinormatan !
saklajengipun
kawulo ngaturaken agunging panuwun dumateng sederek pranoto acoro
ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo, mugi-mugi wekdal meniko
saget kulo gunaaken ingkang sa’sahe-sahenipun.
Saklajengipun
wonten ing mriki kawulo minongko wakil konco pengantin.ngaturaken agunge
panuwun dumateng Shohibul kajah ingkang sampun nampi kulo sakonco kanti
lemahing penggalih,sampun nyediaaken papan pinara’an, shoho dedaharan
lan unjukan ingkang kados mekaten mewahipun, wonten ing mriki kawulo
atas nami konco pengantin, mboten saget mbales penghormatan meniko
kejawi namung saget dungaaken dateng Shohibul kajah sekeluarga Mugi-mugi
penghormatan meniko andadoso amal sholehipun ingkang ditrimo dening
Allah, shoho dipun bales kanthi balesan ingkang sakkatah-katahipun.
Poro rawuh ingkang tuhu kinormatan
selajengipun,
wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking walinipun pengantin putri
inggih puniko Bapak……. saking dusun ……… kawulo nampi Amanat
saking Bapak ……., ingkang supadoso masrahaken temanten putri ingkang
Asma ………, dumateng bapak …….. mriki minongko tiyang sepuhipun temanten
kakung. Pramilo saking meniko kanthi ucapan “Bismilah” temanten putri
meniko kulo pasrahaken dumateng Bapak ….. mriki, kanti pasrah bongko’an
tegesipun inggih kados mekaten meniko kawontenanipun. Dene wonten
kekirangipun sangking segi nopokemawon, , kawulo suwun Bapak Shohibul
hajah mriki kususipun, lan sedoyo keluarga soho masyarakat mriki
umumipun kersoho paring bimbingan soho tuntunan, kados pundi amrih saget
sahenipun.
Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan !
Ingkang terakhir
kawulo ugi atas nami wakil saking konco pengantin bilih acara mangke
sampun paripurno, kawulo sa’rombongan, ugi nyuwun pamit sepindah, soho
nyuwun tambahipun do’a Mugi2 kulo sa’rombongan wangsul saking dalem
mriki, tumuju dateng griyanipun piyambak, tansah dipun paringi slamet,
wilujeng, boten wonten alangan setunggal punopo. Amiin.
sa’derengipun
kulo pungkasi, kawulo minongko wakil saking konco temanten, kulo nyuwun
agunging pangapunten,mbokbilih wonten tingkah tanduk, trap susilo
ingkang kirang nyocoki dateng panggalehipun Shohibul kajah mriki
sakeluarga. Shoho kangge kulo pribadi sedoyo kesalahan awal ngantos
akhir kulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katahipun.
Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar